14 Apr 2020

Jenenge jaran

*_Iki entuk crito tentang AGUS soko Bu Rejeki 

*Ning jero kelas Bu guru lagi mulang boso Jowo*

*Bu Guru* :  " murid- murid... kewan opo sing huruf awale.. *J* "

*Murid murid meneng kabeh..*
terus *Agus* ngacung :

*Agus* : *" JARAN, bu guru.."*

Bu guru : *"pinteeeerrr.. kowe  Gus"*

*Bu guru* : " jajal saikir kewan opo sing huruf awale *N*..."

*Agus* nyahut maneh:  *" NIKU JARAN, bu guru..."*

Bu guru : " *Gus kowe maju ngadeg ning ngarep kelas...."*

*Agus* maju, diukum ning ngarep kelas..

*Bu guru* :  " trus maneh yo..kewan opo sing huruf awale *K* "

*Murid murid meneng kabeh ..*

*Agus* ngomong lirih..: *" KOYOK'E JARAN.."*

*Murid murid ngguyu cekikik'an sebagian ngakak...*

Bu guru jengkel : *"Gus...metuo ning njobo kelas kono !!.."*

*Akhire sak kelas anteng meneng.*

*Bu guru* :  " ayo diterusno meneh yo..kewan opo sing huruf awale... *R*.." 

*Agus* Nglongok soko njobo cendelo *"ROMBONGAN JARAN.... Bu guru !!! "*

*_Wiiinggggggggg.....!!! ... Cethoook_* 

penghapus mabur keno bathuk'e *Agus*...

*Bu Guru : "*Terusno maneh yo anak-anak, kewan opo sing jenenge diawali soko huruf *G* ?"

*Agus* njawab karo bengok-bengok soko ngisor cagak gendero :
*"GENAH JARAN kok.... iseh takon wae...!!!".*

*Bu guru metu langsung malangkeriiik karo mendelik  koyok walang kekek...*

*Bu guru* mlebu maneh nang kelas " *kewan opo sing hurup awale...   M* ?

*Agus*  Karo ngakak*  jwb  *Manuk e Jaran buuu.....!!!* 

*Bu Gurune akhire stress, njur Guya - guyu dewe, koyok sing moco crito iki....*

     *Tersenyum bagian dari ibadah , tertawa pola  hidupr Sehat* 

   *Mbok Menowo Manfa'at kanggo Jampi stress*

Nek ra guyu kbangeten🤪🤪🤪ben ora spaneng kelingan corona🤭🤭

Tidak ada komentar:

Posting Komentar